Pages

Jumat, 09 Mei 2014

Tembang Sangkan Paraning Dumadi

oleh: warih firdausi



لا اله الا الله الملك الحق المبين
محمد رسول الله صادق الوعد الامين

ileng-ileng sira menungsa
sangka apa sliramu ana
uripmu kanggone apa
menyang endi sakwuse seda

sangka banyu ingkang ina
didadekke makhluk paling mulya
disugati nikmate ndunya
banjur syukur apa kufur ira

banting tulang anggonmu kerja
eman-eman gur golek donya
diniati ditirakati
kanggo sangu mbesok bali

dunya ibarat jembatan
dalan nuju alam kelanggengan
mula aja digondeli
merga ora digawa mati

sugih mlarat rakyat pejabat
kabeh kui sak derajat
mungguh allah sing paling mulya
namung wong kang paling takwa

lirkadya godhong sing keli
sira mili ing titahe gusti
sing sabar syukur semeleh
insya allah atine sugeh.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...